Seninjong

Winih

Felix Kris Alfian

 

“No, Sarno, tangi. Iki wis jam lima, jare ameh mangkat greja saben dina kowe?” ature Mas Tyo nggugah Sarno.

Sarno ora paring wangsulan.

“No, tangi!”

Sarno namung ngolet nanging ora tangitangi. Saking jengkele, Mas Tyo ngepyuri Sarno nganggo banyu. “Heh, tangi!”

Sarno banjur mangsuli, “Aku ki isih ngantuk je, Mas. Njenengan rak ya ngerti ta yen wingi aku nglembur kerja?”

“Iya, aku ngerti, ning rak ya kowe dhewe ta sing kandha, yen wis ketampa kerja ameh mangkat misa saben dina? Ayo, ta, ndang tangi. Wis jam lima luwih, ndhak telat,” ature Mas Tyo.

“Aku ki isih ngantuk, Mas, prei sik lah, sesuk meneh wae le misa.”

“Ya wis, karepmu, wong sik gawe niyat ya kowe, aku mung ngelingke.”

Sarno ora mangsuli maneh ananging banjur bali turu.

Dina kuwi Sarno ora mangkat misa ing greja, kamangka Sarno duwe niyat yen ketampa nyambut gawe, mula bakal mangkat misa saben dina.

Dina kuwi Sarno anggone nyambut gawe mung setengah dina. Sabubare mulih kerja, Sarno ngajak Mas Tyo saperlu tilik sawahe.

“Lho, No, gene wis bali kowe jam semene?” pitakone Mas Tyo.

“Iya, Mas, dina iki setengah dina thok kok.”

“Owalah.”

“Iya, Mas. Mas, ayo tilik sawahku. Aku ki sakploke ketampa kerja wis suwe ora tilik sawah je,” pangajake Sarno.

“Oya, sik, No, aku tak ganti klambi sik.”

“Iya, Mas, aku ya tak ganti klambi sik.

Setengah jam meneh wae ora papa, aku ya nyambi leren sik,” ature Sarno.

“Oya, sip.”

Sabibare ganti klambi lan ngaso, Sarno lan Mas Tyo nuli mangkat ing sawahe Sarno.

“Gawa gosrok ora, No, bokmanawa akeh sukete?” pitakone Mas Tyo.

“Iya, Mas, gawa arit lan pacul sisan.”

“Ya wis, ayo mangkat,” pangajake Mas Tyo.

Sarno lan Mas Tyo nuli mangkat lan dugi ing sawah.

“Sawahku wis suwe ora tak tiliki je mas, sukete akeh, ya?” ature Sarno.

………

 

Selengkapnya di rubrik Seninjong majalah utusan-agustus-2019

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *