Seninjong

Tikus

Romo Sindhu

 

Tikus, iki khewan sing nggregetake. Karo tikus, sapa wonge sing ora ngigit-igit? Senengane krikit-krikit. Apa wae dikrikiti. Ora mung panganan. Laci meja sing kanggo nyimpen jajan utawa camilan, ya, meksa dikrikiti nganti bolong. Untune cilik-cilik, nanging landhep lan kuwate ora erameram. Angel cekelane. Pinter nengeri, mula ora gampang gelem mlebu jebakan utawa jepretan sing wis dipasangi pancingan. Tur, tikus iku ora kepenak disawang. Wong gila utawa krasa jijik nyawang tikus. Apa maneh, yen mikir, aja-aja tikus iku nggawa ama pes sing bebayani urip.

Ewadene, ing malem Jemuwah Legi iku tikus dadi undering rembug ing Kapetrukan Karang Klethak. Petruk crita, ora biyen ora saiki, tikus iku tansah gawe kisruh. Ora mung tumrape wong omahan, nanging uga mungguhing wong-wong tani. Lha kepriye ora ngisruh? Tikus-tikus iku ngludhesake tanduran pari. Direwangi rekasa anggone nandur pari. Yen mangsa ketiga, kudu antri entuk giliran kangge ngeleb sawah. Padha bungah, nalikane mangsa rendheng wis teka. Udan murugake sawah ora kurang banyu. Wayahe sengkut nandur pari. Bareng wis nguwoh, mung dadi rayahane tikustikus. Pari-pari dipangani, nganti entek memet gemet.

Mulane, Bagong mbacutake crita, wongwong tani dadi mangkel atine, banjur ramerame ngadani gropyokan tikus. Durung suwe iki, barengi tekane mangsa rendheng, malah gropyokan tikus iku didadekake lomba. Lomba iku mapan ing Kampung Tambaksegaran, Kelurahan Banmati, Kecamatan Sukoharjo. Tikus siji diregani Rp 1.000,00. Umpama entuk 10, ya, olehe Rp 10.000,00.

Anggone opyak golek lan nyekel tikuse, sumangga. Arep dhewe-dhewe, apa arep rombongan. Sing bisa entuk tikus paling akeh, dhewe-dhewe utawa rombongan, diparingi piala. Kabare, tikus sing kecekel ing gropyokan tikus ing Kampung Tambaksegaran mau cacahe 508. Diarani akeh ya akeh, diarani setithik ya pancen setithik. Lha kepriye? Wong, tikus iku wis dadi ama, cacahe ora bisa digunggung, ewon sing mesthi.

“Wong tani wis padha nggresula banget, amarga sawahe dirayah ama tikus. Tikus tikus iku kudu ditumpes. Salah sawijining cara, ya, karo ngadani lomba gropyokan tikus mau,” ujare Bagong baleni kandhane panitia gropyokan tikus iku.

“Ora eram menawa tikus iku dadi pralambange para koruptor.” Gareng dumadakan nyentak. “Bener, wong koruptor iku nggragase plek tikus. Malah ngluwihi tikus, wong duwite rakyat ora mung dikrikiti, nanging dirampok, diemplok nganti ludhes. Nggragase koruptor iku ya tan winates, anggone ngemplok duwite rakyat kaya ora tau wareg-wareg.”

“Prayogane, koruptor iku ya digropyok kaya gropyokan tikus mau. Yen prelu, diadani lomba gropyokan koruptor,” ujare Petruk.

“Sejatine, gropyokan koruptor iku wis kelakon. Kowe apa ora nggatekake, ing ngendi-endi ana OTT, operasi tangkap tangan. Kaping pira wae, koruptor ketangkep OTT. Ewasemana, ya ora kapokkapok. Korupsine malah saya ndadra, ora ana enteke. Dasar menungsa tikus,” panyentake Bagong mangkel.

“Thole, bener menawa kowe mitudhuh menawa tikus iku khewan sing kasingkiran menungsa, lan koruptor iku menungsa sing duwe watak tikus. Nanging, ayo padha dieling-eling, miturut tanggalan Cina, saiki iki taun tikus. Lan kudune taun iki ora mung nggawa penggawe ala,” ujare Kyaine Semar.

Banjur dituturake riwayate taun tikus iku miturut critane wong Cina. Jare wektu itu, Maharaja Cina arep gawe tetenger tumrape lakune taun sing rolas cacahe. Saben taun arep ditengeri karo jenenge khewan-khewan. Banjur Sang Maharaja nggelar sayembara nyabrang kali gedhe. Laras karo cacahe taun, arep dipilih khewan cacahe rolas, kanggo tetenger jenenge taun-taun iku. Khewan apa wae oleh melu sayembara.

Khewan-khewan padha ndaptar, melu lelumban. Kacarita, kanthi akal lan rekadayane, tikus kasil teka nomer siji, ndhisiki khewan-khewan liyane. Mula, taun kaping siji ditengeri karo jeneng tikus. Saben rolas taun, taune bakal tiba ing taun tikus mau.

Mungkasi critane, Kyaine Semar banjur ngujar, “Tinandhing karo 11 khewan liyane sing dadi tetenger taun Cina iki, tikus kepara khewan sing cilik dhewe. Ewadene, amarga pinter lan akeh akale, tikus bisa ndhisiki khewan-khewan liyane, lan bisa dadi juwara nomer siji. Kejaba kuwi, tikus iku khewan sing tekun lan sregep anggone golek uripe. Ora tau nglokro lan kesed ngudi panguripane. Direwangi dhedhelikan ing wengi, bot-bote golek pangan. Mula, ing taun tikus iki, menungsa kudune sinau, murih dadi temen, tekun lan ora kesed. Yen arep ngranggeh gegayuhan, bakat lan kapinteran wae ora cukup. Pintere kaya ngapa, yen ora tekun, ya, ora bakal bisa kasembadan samubarange. Mula para sepuh paring piwulang, tekun lan temen iku gamane wong urip. Sing mulya, sing elok, sing bener, sing becik, iku kabeh gegayuhan sing didama-dama dening manungsa. Nanging sengara apa sing didama-dama iku bakal kelakon, yen aku ora gelem tekun lan temen. Mula tekun lan temen iku kudu dadi dhasare kabeh lelakuku ing alam donya iki. Kaya tikus, anggonku golek rejeki kudu dilakoni kanthi sabar. Sanadyan rejekine mung ana ing wengi, ya, kudu tetep digoleki. Semana uga tumrape imanku ing Sang Kristus, aku kudu ora nggregeli, teguh tekan pungkasan (Hib. 7:14).”

 

 

 

 

 

Majalah Utusan edisi Maret 2020 Rubrik seninjong.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *